Contoh Teks MC Acara Ngunduh Mantu Bahasa Jawa
![]() |
Berikut adalah contoh teks MC acara Ngunduh mantu dalam bahasa Jawa dengan acara yang semi formal dan dengan bahasa Jawa kromo Inggil yang menengah (bahasa yang biasa dipakai di masyarakat umum, bukan bahasa krama Inggil sesuai SOP MC Bahasa Jawa).
Pembukaan Acara Ngunduh Mantu
Assalamu'alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunia waddin, washalatu wassalamu ‘ala asyrofil ambiya'i wal mursalin, sayyidina wa maulana muhammadin, wa ‘ala alihi wasahbihi ajma’in. Amma ba’du.
Almukarrom poro bapak 'Alim ulama', bapak kyai Muhklas Ingkang tansah kawulo ta'dzimi
Poro pepunden poro sesepuh soho pinisepuh dusun Wonokromo ingkang tansah pinundi
Shohibul hajat Bapak Zak*ri* ingkang tansah kawulo hormati
Poro pangambyong penganten Putri, Keluarga Bapak Slam*t Sug*** (Almarhum) saking tlatah Weleri ingkang Kawulo hormati
Penganten kaleh, Kangmas DUA kalian Nimas Ayu IR, insyaallah dados keluarga ingkang sakinah mawaddah warohmah
Ugi mboten kasupen dumateng poro rawuh lan tamu undangan Ingkang Insyaallah dipun mulyaaken deneng Allah
Minangkani purwakaning atur, sumonggo kito raosaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi nikmat ugi rahmat dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget kempal manunggal wonten ing adicoro Ngunduh Mantu kanthi kawontenan sehat wal 'afiyat. Aamiin-aamiin yaa robbal 'aalamiin
Sholawatulloh wasalamuhu almakrumah bitta'dzim, mugio tetep tansah katur kunjuk wonten ngarso dalem junjungan kito nabiyulloh Muhammad SAW, priyantun agung ingkang tansah kito ajeng-ajeng menggah syafa'atipun min yaumina hadza lla yaumil qiyamah. Biqoulina Allahumma sholli 'ala sayyidina Muhammad.
Susunan Acara Ngunduh Mantu
Hadirin wal Hadirot rohimakumullah
Kawulo minangkani pranoto adicoro, keparingo ngaturaken urut racikaning adicoro wonten ing wekdal puniko.
1. Atur pembuko2. Waosan Al-fatihah3. Atur pasrah lan atur tinampi4. Tausiyah5. Do'a -- Minongko aji pungkasaning adicoro bade katutup mawi do'a
Hadirin wal Hadirot rohimakumullah
Ningali wekdal sampun watawis siang Sumonggo kito wiwiti adicoro puniko kanthi waosan ummul qur'an, ing pengajab mugi-mugi adicoro puniko sageto lancar mbeto barokah manfaat lan mboten wonten alangan setunggal punopo. Amin ya Robbal 'alamin. 'Ala hadzihinniyyah wa'ala kulli niyatin Sholihah...... Alfaatihah
Adicoro ingkang angka kalih inggih puniko atur pasrah penganten. dumateng panjenenganipun ingkang kajibah kawulo sumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun ingkang kajibah minangkani Ibu Siti M*srif*h - Bapak Sl***t S****g (alm), kawulo aturaken agunging panuwun.
Adicoro selajengipun inggih puniko atur tinampi saking keluarga penganten kakung dumateng panjenenganipun ingkang kajibah kawulo sumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun ingkang kajibah minangkani Bapak Zak*r** kawulo aturaken agunging panuwun.
Hadirin wal Hadirot rohimakumullah
Adicoro selajengipun inggih puniko mauidzhoh hasanah kalian waosan doa minongko paripurno adicoro, Ingkang sakmeniko bade dipun wedharaken deneng panjenenganipun Almukarrom Bapak Kyai Haji Mukhlas Masykur.
Penutup Acara Ngunduh Mantu
Ananging sakdereng ipun mauidhotul khasanah kalian waosan doa, Kawulo minongko pranoto adicoro, mbok bilih anggenipun kawulo matur ngirangi mungguhing trapsilaning toto krami lan kirang mahani wonten manah penggalih panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katah ipun.
Billahi taufiq wal hidayah, waridho wal inayah
Akhiru qouly hadza, ihdinas sirotol mustaqim
Tsummasalamu'alaikum Warohmatullohi Wabarokatuhu
Dumateng panjenenganipun Almukarrom Bapak Kyai Mukhlas kawulo sumanggaaken.
Semoga bermanfaat,
Salam,






Posting Komentar
Mohon tidak menyematkan link hidup dan spam lainnya :)
Salam